Assalamu’alaikum wr, wb.
(di isi mukhodimah bahasa arab)
Lumintuning pudiyastowo saking gusti ingkang moho asih inggih Gusti Allah SWT temah hambabar doyo pangaribowo saha hayu hayem ingkang tansah tumedak tumanduk kajiwo kasariro wonten ngarsanipun para Alim para Kiyai Mirunggan panjenenganipun :
- Bapa KH. ……….
- Bapa KH. ……….
- Bapa KH. ……… lsp
ingkang rino lan ndalu tansah caket sumandeng wonten ing kitab suci wahyu illahi ingkang dahat pinundi-pundi.
Poro sesepuh, poro pinisepuh miwah poro ajisepuh ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu pantes kinabekten.
Poro pangemban-pangembating projo, dalah poro satriyaning nagari ingkang minangka pangayoming poro bebrayan agung dalah poro kawulo dasih mirunggan pangarso pusaraning adil wonten ing pawiyatan luhur inggih wonten ing SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL nun inggih panjenenganipun Bopo Muhammad Yasin, S.Pd, Mpd. ingkang sinuba ing pakurmatan.
Sagung poro rawuh tuwin poro lenggah inggih poro Bapak saha poro Ibu dwijo dalasan poro karyawan SMK Al Musyafa’ Kendal ingkang pantes tampi ing pakurmatan.
Poro kadang, poro sederek kakung miwah putri ingkang kulo tresnani
Wonten ing titi wanci puniko kulo ingkang minongko kapiji dados pambiyoworo manopo dene ingkang hamratritisaken reroncening adicoro TASYAKURAN PURNA WIYATA PAWIYATAN LUHUR SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL. Warso seserepan 2020-2021.
Sumonggo sakderengipun adicoro kawiwitan kulo dherekaken sesarengan sami manengku pujo mangestu padho wonten sahandap podho dalem gusti ingkang moho wikan inggih Gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwo madyo wasona kesembadan lulus raharjo kalis ing rubedo menapo dene sambikalo . Amin Allahuma amin.
Solawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngarso dalem pakuning bawono mustikaning jagat inggih nabi agung Muhammad saw ingkang minongko paugeraning poro bebrayan agung menopo dene kawulo dasih, ingkang kulo lan panjenengan sanget angrerantu syafaatipun mbenjang fiyaumil jaza’ amin Ya robbal alamin.
Poro lenggah kakung sumawono putri, bapak soho Ibu ingkang sinudarsono.
Mundi dawuhipun ingkang hamengku gati keparengo kula angaturaken lampahing pawiwahan utawi pahargyan TASYAKURAN PURNA WIYATA PAWIYATAN LUHUR SMK AL MUSYAFFA’ wonten ing ejang punika.
Ananging sakderengipun kulo nyuwun agunging sih samodro pangaksami awit kulo kumo wantun nyahak kalenggahan soho kamardikan panjenengan, awit panjenengan nembe nedeng-nedengipun suko-parisuko wawan pangandikan setunggal kaliyan setunggalipun sepisan malih kulo nyuwun agunging samodro pangaksami.
Poro lenggah kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan, mugi wonten keparengipun kula bade angaturaken rantamaning adicara ingkang sampun rinantam rinacik dening ingkang hamengku gati .
Ngengeti sasono tuwin suwasono samudayanipun sampun jumbuh menggah ing gati pramilo saking punika laksitaning adicoro inggal kawiwitan. Wondhene adicoro ingkang : - Sepisan atur pambuko utawi waosan umul kitab ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun Bopo KH …………………………….. sumonggo sasono tuwin suwasono kulo sumanggakaken, (matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindan kunjuk dumateng panjenenganipun bapa KH…………………………)
- Adicoro ingkang onggko kalih waosan ayat-ayat min ayatil qur’an ingkang bade dipun sarirani dening sederek al ustadz/sederek ……………………………. sumonggo kulo aturaken,
- Dene ongko tigo waosan tahlil ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun bapa ……………………
- Dungkap adicara saklajengipun Tanggap wacono saking Pangarso pawiyatan luhur /Kepala SMK Al MUSYAFFA’ dumateng Bapak Muhammad Yasin, S.Pd. M.Pd sumonggo sasono tuwin swasono kula sumanggakaken
- Tumapaking adicoro ingkang ongko gangsal Sabdotomo wasito aji utawi maidloh hasanah soho hastungkoro utawi do’aipun ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun BP KH………sasono tuwin suwasono kula sumanggakaken (matur agunging panuwun kula aturaken kunjuk dumateng Bp. KH…..mugi-mugi menopo ingkang sampun dipun pangandikaaken saget mbekto manfaat amin ya robbal ‘alamin
- Adicoro ingkang ongko enem PROSESI WISUDA PURNA WIYATA dumateng ingkang mandegani kulo sumanggakaken
- Jangkep ongko pitu Hastungkoro panutup(sumonggo pahargiyan dipun pungkasi kanti maos hamdallah sareng-sareng :
Mekaten menggah racikaning adicoro ingkang bade lumampah .
Kulo ing ngriki minangkani dados panotocoro hambok bilih anggen kulo matur kirang subo sito tuwin trapsilo menopodene ulah boso tuwin sastro kirang pono ing pamawas lebdo ing pitutur aji, kula nyuwun agunging sih samudro pangaksami.
Wusono kulo pungkasi kanti asesanti:
“HAYU-HAYU MANGASTUNGKORO WIDODO MULYO INGKANG SAMI PINANGGIH”.
Nuwun.
Wassalamualaikum, wr, wb
Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)