اAssalamualaikum wr,wb Nuwun nuwun kula nuwun, Winantu ing kawilujengan sinartan sinukartaning panambrama
Lumintuning pudyastawa saking gusti ingkang maha asih inggih Gusti Allah SWT temah ambabar daya pangaribawa saha hayu hayem ingkang tansah tumedak tumanduk kajiwa kasarira dhumateng para Alim para Kiyai Mirunggan panjenenganipun Bapa KH Muhlis Musyaffa’ ingkang dahat pinundi-pundi. (Lsp)
Para sesepuh, para pinisepuh miwah para ajisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten.
Para pangemban-pangembating praja, mirunggan pangarsa pawiyatan wonten ing SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL nun inggih panjenenganipun Bapa Wide Permadi ingkang sinuba ing pakurmatan.
Sagung para rawuh tuwin para lenggah inggih para Bapak saha para Ibu Dwijo dalah para karyawan SMK AL MUSYAFFA’ ingkang pantes tampi ing pakurmatan.
Para kadang, para sederek kakung miwah putri ingkang kula tresnani
Wonten ing titi wanci punika kula ingkang minangka kapiji dados panatacara
Sumangga sakderengipun adicara kawiwitan kula dherekaken sesarengan sami manengku puja mangestu padha wonten sahandap padha dalem gusti ingkang maha wikan inggih Gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwa madya wasana kesembadan lulus raharja kalis ing rubeda menapa dene sambikala . Amin Allahuma amin.
Salawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngasa dalem pakuning bawana mustikaning jagat inggih nabi agung Muhammad saw ingkang minangka paugeraning para bebrayan agung, ingkang kula panjenengan angrerantu syafaatipun fiyaumil jaza’ Allahumma Amin.
Para lenggah kakung sumawono putri, bapak saha Ibu ingkang dahat kinurmatan
Mundi dawuhipun ingkang hamengku gati keparenga kula angaturaken lampahing pawiwahan AMBAL WARSA PAWIYATAN LUHUR /SMK AL MUSYAFFA’ ingkang kaping SEKAWAN WELAS warsa kalih ewu Kaleh wonten ing sonten punika.
Para lenggah kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka rahayu, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan, mugi wonten keparengipun kula bade angaturaken rantamaning adicara ingkang sampun rinantam rinacik dening ingkang hamengku gati .
Ngengeti sasana tuwin suwasana sampun jumbuh menggah ing gati pramila saking punika laksitaning adicara inggal kawiwitan. Wondhene adicara ingkang :
- Sepisan atur pambuka utawi waosan umul kitab
- Anggka kalih waosan ayat-ayat min ayatil qur’an
- Dene angka tiga atur pambagya harja basuki/sambutan panitia
- Dungkap adicara saklajengipun Tanggap wacana saking Pangarsa pawiyatan luhur /Kepala SMK Al MUSYAFFA’
- Adicara angka gangsal sumene sawatawis
- Tumapaking adicara ingkang angka nenem Sabdatama wasita aji utawi maidloh hasanah saha hastungkara utawi do’aipun
- Jangkep angka pitu Hastungkara panutup
Mekaten menggah racikaning adicara ingkang bade lumampah .
Kula ing ngriki minangkani dados panatacara hambok bilih anggen kula matur kirang suba sita tuwin trapsila kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Wusana kula pungkasi kanti asesanti: “HAYU-HAYU MANGASTUNGKARA WIDADA MULYA INGKANG SINEDYA”.
Nuwun.
Wassalamualaikum wr,wb Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)