(di dahului salam dan mukhodimah)
Lumintuning pudiyastowo saking gusti ingkang moho asih inggih Gusti Allah SWT temah hambabar doyo pangaribowo saha hayu hayem ingkang tansah tumedak tumanduk kajiwo kasariro wonten ngarsanipun para Alim para Kiyai Mirunggan panjenenganipun :
- Bapa KH. Muhlis Musyaffa’
- Bapa KH. ……….
- Bapa KH. ………lsp
ingkang rino lan ndalu tansah caket sumandeng wonten ing kitab suci wahyu illahi ingkang dahat pinundi-pundi.
Poro sesepuh, poro pinisepuh miwah poro ajisepuh ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu pantes kinabekten.
Poro pangemban-pangembating projo, dalah poro satriyaning nagari ingkang minangka pangayoming poro bebrayan agung dalah poro kawulo dasih mirunggan pangarso pusaraning adil wonten ing pawiyatan luhur inggih wonten ing SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL nun inggih panjenenganipun Bopo M. Ali As’ad, S.PdI, ingkang sinuba ing pakurmatan.
Sagung poro rawuh tuwin poro lenggah inggih poro Bapak saha poro Ibu ingkang pantes tampi ing pakurmatan.
Poro kadang, poro sederek kakung miwah putri ingkang kulo tresnani
Wonten ing titi wanci puniko kulo ingkang minongko kapiji dados pambiyoworo manopodene ingkang hamratritisaken reroncening adicoro WALIMATUL URSYI
Sumonggo sakderengipun adicoro kawiwitan kulo dherekaken sesarengan sami manengku pujo mangestu padho wonten sahandap podho dalem gusti ingkang moho wikan nuninggih Gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwo madyo wasona kesembadan lulus raharjo kalis ing rubedo menopo dene sambikolo . Amin Allahuma amin.
Solawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngaso dalem pakuning bawono mustikaning jagat inggih nabi agung Muhammad saw ingkang minongko paugeraning poro bebrayan agung dalah poro kawulo dasih, ingkang kulo lan panjenengan sami sanget anggenipun angrerantu syafa’atipun mbenjang fiyaumil jaza’ amin Ya robbal alamin.
Poro lenggah kakung sumawono putri, bapak soho Ibu ingkang sinudarsono.
Mundi dawuhipun ingkang hamengku gati keparengo kula angaturaken lampahing pawiwahan utawi pahargyan WALIMATUL URSYI wonten ing ing ejIng punika.
Ananging sakderengipun kulo nyuwun agunging sih samodro pangaksami awit kulo kumo wantun nyahak kalenggahan soho kamardikan panjenengan, awit panjenengan nembe nedeng-nedengipun suko-parisuko wawan pangandikan setunggal kaliyan setunggalipun sepisan malih kulo nyuwun agunging samodro pangaksami.
Poro lenggah kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan, mugi wonten keparengipun kula bade angaturaken rantamaning adicara ingkang sampun rinantam rinacik dening ingkang hamengku gati .
Ngengeti sasono tuwin suwasono samudayanipun sampun jumbuh menggah ing gati pramilo saking punika laksitaning adicoro inggal kawiwitan. Wondhene adicoro ingkang : - Sepisan atur pambuko utawi waosan umul kitab ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun Bopo KH …………………………….. sumonggo sasosono tuwin suwasono kulo sumanggakaken, (matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindan kunjuk dumateng panjenenganipun bapa KH…………………………)
- Adicoro ingkang onggko kalih waosan ayat-ayat min ayatil qur’an ingkang bade dipun sarirani dening sederek al ustadz/sederek ……………………………. sumonggo kulo aturaken,
- Dene ongko tigo atur pambagya harjo basuki ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun bapa ……………………
- Dungkap adicara ingkang ongko sekawan PROSESI AQDUNNIKAH :
A. Khotbah Nikah dening BP. KH………….
B. IJAB LAN QOBUL .ingkang bade dipun pangarsani dening Bp.KH………
C. Shighot ta’leq bade dipun sarirani dening temanten kakung……….
D. Hastungkoro utawi Do’a mua’allafah dening BP. KH……..
E. Liqoul arusyain dining BP. KH. ………
F. Hastungkoro utawi Do’a tahtim dening BP. KH. ……….. - Tumapaking adicoro ingkang ongko gangsal Sabdotomo wasito aji utawi maidloh hasanah soho hastungkoro utawi do’aipun ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun BP KH………sasono tuwin suwasono kula sumanggakaken (matur agunging panuwun kula aturaken kunjuk dumateng Bp. KH…..mugi-mugi menopo ingkang sampun dipun pangandikaaken saget mbekto manfaat amin ya robbal ‘alamin
- Adicoro ingkang ongko enem SUMENE utawi ISTIRAHAT dumateng ingkang mandegani kulo sumanggakaken
- Jangkep ongko pitu Hastungkoro panutup(sumonggo pahargiyan dipun pungkasi kanti maos hamdallah sareng-sareng : (mengucapkan hamdallah)
Mekaten menggah racikaning adicoro ingkang bade lumampah .
Kulo ing ngriki minangkani dados panotocoro hambok bilih anggen kulo matur kirang subo sito tuwin trapsilo menopodene ulah boso tuwin sastro kirang pono ing pamawas lebdo ing pitutur aji, kula nyuwun agunging sih samudro pangaksami.
Wusono kulo pungkasi kanti asesanti:
“HAYU-HAYU MANGASTUNGKORO WIDODO MULYO INGKANG SAMI PINANGGIH”.
Nuwun. Wassalamualaikum wr,wb
Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)