ATUR PROLOG PAMBUKA PURWANING PAWIWAHAN/PAHARGYAN

WONTEN ING SADENGAH ADICARA WEKDAL INJING

Tatasing ratri gumantining rahina ing gegana katon remu wancine wis padang sumirat sang bagas wara arsa jumedul bang-bang sulakipun arsa madangi jagat aglar gumelar aning cakrawala minangka pratanda sampun wanci rahina
Nuju ari Ahad pon tabuh 08.00 punika katiti surya kaping 14 condro kaping 2 utawi wulan Nopember warsa 2020.
Wonten titahing gusti ingkang sinung asma bapa Drs.Wide Permadi hanetepi jejering asepuh hamiwaha dumateng putra-putrinipun pratama ingkang apeparab Bagus Ken Permadi pikantuk Rara Ayu Wulandari SE ingkang sampun sumadya nambut liring akrami
Dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala saksana ingkang hamengku gati hamiji dumateng kula supados ngaturaken lampahing adicara pawiwahan utawi pahargyan ingkang sampun rinacik rinantam ingkang hamengku gati wekdal dinten punika.
Lumintuning pudyastawa dhumateng Gusti ingkang Maha Asih nun inggih Gusti Allah SWT temah ambabar daya pangaribawa saha hayu hayem ingkang tansah tumadak tumanduk kajiwa kasarira wonten ngasranipun para alim para kiyai ingkang rina lan ndalu tansah caket sumandeng wonten kitab sucinipun wahyu illahi mirunggan panjenengaipun;

  1. Almukarom bapa KH…… ingkang dahat pinundi pundi
  2. Para sesepuh para para pini sepuh miwah para aji sepuh ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu kinabekten.
  3. Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari pangayoming para bebrayan agung ingkang sinuba ing pakurmatan
  4. Sagung para lenggah, inggih para ibu para bapak saha para kadang kaneman sutrisna ingkang pantes tampi pakurmatan
    Sumangga kula derekaken sesarengan sami manengku puja mangestu pada wonten sahandhap padha dalem gusti ingkang maha wikan nun inggih gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwa madya wasana kasembadan lulus raharja kalis ing rubeda menapa dene sambikala amin Allahuma aimin.
    Shalawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngarsa dalem pakuning bawana mustikaning jagad inggih nabi agung Muhammad SAW ingkang kula lan panjenengan sami mangantu-antu syafaatipun benjang fiyaumil jaza’ amin ya rabbal alamin (Lan sak terasipun)

Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)

Tinggalkan komentar