( Panganten putri kalenggahaken ing sasana rinengga )
KASUGATAKEN MIRUNGGAN KAGEM PARA SISWA
PAWIYATAN WONTEN ING SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL
WARSA SESEREPAN 2019/2020
Kaserat dening Rozikin AR
السلام عليكم ورحمةالله وبركا ته
Nuwun , nuwun kula nuwun,
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana gandha arum angambar angebeki jroning sasana pawiwahan, mulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane pengantn putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga.Sampating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon saking mandrawa abyor mompyor pating galebyar pating calorot, katempuk ing pandam kurung ingkang angrenggani, lamun cinandra kadya kilat asesiring. Amucang kanginan denira lumaksana penganten putri membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana sumunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunare netra andamar kanginan. Weweging pranaja singset kapathet ing ageman pindha cangkir gading piningit, yayah anjebol-jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Nuwun .
والسلام عليكم ورحمةالله وبركا ته