ATUR PASRAH CALON TEMANTEN KAKUNG

السلام عليكم ورحمةالله وبركا ته

Winantu ing kawilujengan sinartan sinukartaning panambrama
Kairing sagunging pakurmatan
Para sesepuh, para pinisepuh miwah para ajisepuh ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu pantes kinabekten.
Para pangemban-pangembating praja, para satriyaning nagari pangayoming para bebrayan agung ingkang sinuba ing pakurmatan.
Sagung para lenggah inggih para Bapak saha para Ibu ingkang pantes tampi ing pakurmatan.
Dumateng calon besan bapak Subhan saha ibu Suriyah ingkang winantu ing kawilujengan
Mirunggan calon temanten kekalih inggih bagus Komarudin saha rara ayu Purwatiningsih ingkang winantu ing suka rahayu
Sakderengipun kula matur Sumangga kula dherekaken sesarengan sami manengku puja wonten sahandap pada dalem gusti ingkang maha wikan inggih Gusti Allah SWT kanti ngunjukakenn raos tasyakur kula lan panjenengan sami, mugi-mugi salwiring gati purwa madya wasana kesembadan lulus raharja kalis ing rubeda. Amin Allahuma amin.
Mundi dawuhipun ingkang hamengku gati ing ngriki kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun bapak Darsono keparenga kula angaturaken ingkang :
Sepisan: salam taklimipun saking bapak Darsono kanti waosan :
السلام عليكم ورحمةالله وبركا ته
Katur dumateng panjenenganipun clon besan inggih bapak Subhan
Ingkang kaping kalih : kula bade masrahaken calon tenganten kakung ingkang apeparab bagus Komarudin saking tlatah Pidodowetan rt.10 rw. 3 ugi uba rampe samudayanipun kula pasrahaken dumateng bapak Subhan, wondene tumaking aqdunnikah / ijab kobul kula namung humiring karsa kasumanggakaken dumateng panjenenganipun bopo Subhan
Ingkang angka tiga ; mugi-mugi tumaking upacara ijab qobul ingkang putra kekalih tansah pinayungan sih kanugrahaning gusti ingkang maha mulyo saget lestari widodo nir hingsambikala lan mugi inggal pinaringan momongan ingkang shalih lan shalihah. amin….
Ingkang kaping sekawan : mestinipun pisowan kula dalah sanak kadang calon penganten kakung kapenggalih nalisir saking subasita, tuwin trapsila menapa dene kithal kuciwaning atur mboten ndadosaken renaning penggalih dumateng bapak Darsono Saha para rawuh, para lenggah kula nyuwun agunging samodro pangaksami.
Ingkang pungkasan : kula dalah sakkeluarga calon temanten kakung inggih matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindan bilih bapak saha ibu Subhan anggenipun nampi kula dalah para kadang samudayanipun menggah tri trapsilaning hanampi tamu awit saking suguh, gupuh menapa dene lungguh sedoyo mboten wonten ingkang nguciwani.
Kados cekap semanten atur kula minangkani talangipun atur bapak darsono mbok bilih anggen kula matur kirang ngrenani penggalih para lenggah kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami akhirul kalam

والسلام عليكم ورحمةالله وبركا ته

Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)

Tinggalkan komentar