ATUR TAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG

Kaserat dening Rozikin AR
(Pembina Ekstra di SMK Al Musyaffa’)

السلام عليكم ورحمةالله وبركا ته
Nuwun, Winantu. Ing kawilujengan.
Sinartan sinukartaning panambrama.
Ibu miwah Bapak R. Kusna Wijaya, SH., dalah para putri-putra, dalasan sanggyaning kulawarga, punapa dene para rawuh
Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak Drs. Imam Sarjana, ingkang anyulihi Ibu tuwin Bapak R. Kusna Wiajaya SH., amasrahaken panganten kakung keparenga kula matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak RM. Sukarja Wiryasaputra, kula kadawuhan tampi pasrah penganten kakung
Pramila kaparenga amratekaken bilih samangke wanci tabuh 10.00 , panganten kakungkula tampi kanthi sae, andadosakensuka bingahing manah saha sumangga sami muji muja syukur konjuk ing Hyang murbeng gesang.
Salajengipun penganten kakung bade sarimbit kaliyan penganten putri Asisilih Ayu Sulastri, dumungkap upacara candakipun.
Kula nyadong pangaksami mbokbilih wonten kakirangan saha kaladukung panampi.
Nuwun .
والسلام عليكم ورحمةالله وبركا ته

Tinggalkan komentar