Kaserat dening Rozikin AR
(Pembina Ekstra di SMK Al Musyaffa’)
السلام عليكم ورحمةالله وبركا ته
Nuwun, nuwun kula nuwun,
Kasugengan saha sih kanugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi kajiwa kasarira wonten ing panjenengan sedya.
Kairing sagunging pakurmatan.
Ibu saha bapak R.M. Sukarja Wiryasaputra, tuwin para putri-putra dalasan sagung keluarga, miwah para rawuh.
Nuwun keparenga matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak R. Kusna Wijaya SH. Sakeluarga, kula kadawuhan masrahaken penantn kakung Bagus Adi Sumantri katur Ibu saha Bapak RM Sukarja Wiryasaputra.
Wondene kalampahanipun mekaten : Kala wau wanci tabuh 09.45 penganten kakung kula pendhet saking dhalem Jl. Gombel Permai Angka 21, kanthi kairing para sepuh, keluarga, sanak kadang, mitra pitepangan sawatawis, Kula bektha wowan dumugi ing dhalem Jl. MT. Haryana angka 878 ngriki, kalayan gangsar saha lancar.
Pramila, ngembun sarta ngemban dawuh wigatosing sedya, kaparenga ing samangke penganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken katur Bapak J. Soedarja, SH., ingkang annyulihi Ibu dalah Bapak RM. Sukarja Wiryasaputra, cunduk 13 kaliyan lampahing upacara .
Wasana kula nyuwunpangaksami mbok bilih anggenipun kula nindhkaken ayahan punika wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning penggalih.
Nuwun.
والسلام عليكم ورحمةالله وبركا ته