PAWIYATAN WONTEN ING SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL
WARSA SESEREPAN 2019/2020
Kaserat dening Rozikin AR
السلام عليكم ورحمةالله وبركا تهNuwun, nuwun kula nuwun,
Para pinisepuh tuwin para sesepuh ingkang dahat pinundhi-pundhi .
Para priyagung kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinudarsana.
Para rawuh ingkang minulya .
Nuhoni pamundutipun Bapak saha Ibu Sri Suharta SH dalah besan Bapak saha Ibu Ir Totok Suharyanta sakeluwarga ingkang dinten punika hamengku karya nindakaken darmaning ngasepuh amiwaha putra panjaja putri asesilih Sriharyati S.Pd kaliyan Eka Sudarmanta ST, putra panenggak, kula kadawuhan sowan matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.Inggih awet sakng bombonging sarta bembenging panggalihipun, candranipun kejugrugan ing wukir sari, kabenan ing seganten madu, panjenenganipun …..sami mboten anyarirani piyambak sowan matur wonten ing ngarsa panjengan sedaya, ngaturaken ingkang dados prentuling penggalih. Minangka purwakaning atur, sumangga sami sesarengan puja pudiyastuti syukur kunjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi inggih Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring nugraha dumateng Bapak saha Ibu Sri Suharta SH. Dalah Bapak saha Ibu Ir. Totok Suharyanta, punapa dene gotrah, anggenipun kagungan kersa ndaupaken putra penganten sampun saget kalampahan wilujeng nir ing sambikala. Kejawi nugrahaning Gusti . Sedayanipun inggih awit berkah pangestu panjengan sedaya. Para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Sapunika penganten kekalih sampun kula sowanaken marak ing ngarsa panjenengan saperlu kula suwunakaen tambahing berkah pangestu panjengan anggenipun jejodohan saget atut runtut rerentengan lir kadya mimi lan mintuna saget pinanggih widada lestari mulya winantu ing rahayu. Wondene menawi wonten kirang wijal-wijiling wicara, kula pribadi nyuwun agunging pangapunten . Nuwun.
والسلام عليكم ورحمةالله وبركا ته



