ATUR PAMBAGYA PAHARGYAN PENGANTENKASUGATAKEN MIRUNGGAN KAGEM PARA SISWA

PAWIYATAN WONTEN ING SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL
WARSA SESEREPAN 2019/2020
Kaserat dening Rozikin AR

السلام عليكم ورحمةالله وبركا تهNuwun, nuwun kula nuwun,
Para pinisepuh tuwin para sesepuh ingkang dahat pinundhi-pundhi .
Para priyagung kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinudarsana.
Para rawuh ingkang minulya .
Nuhoni pamundutipun Bapak saha Ibu Sri Suharta SH dalah besan Bapak saha Ibu Ir Totok Suharyanta sakeluwarga ingkang dinten punika hamengku karya nindakaken darmaning ngasepuh amiwaha putra panjaja putri asesilih Sriharyati S.Pd kaliyan Eka Sudarmanta ST, putra panenggak, kula kadawuhan sowan matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.Inggih awet sakng bombonging sarta bembenging panggalihipun, candranipun kejugrugan ing wukir sari, kabenan ing seganten madu, panjenenganipun …..sami mboten anyarirani piyambak sowan matur wonten ing ngarsa panjengan sedaya, ngaturaken ingkang dados prentuling penggalih. Minangka purwakaning atur, sumangga sami sesarengan puja pudiyastuti syukur kunjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi inggih Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring nugraha dumateng Bapak saha Ibu Sri Suharta SH. Dalah Bapak saha Ibu Ir. Totok Suharyanta, punapa dene gotrah, anggenipun kagungan kersa ndaupaken putra penganten sampun saget kalampahan wilujeng nir ing sambikala. Kejawi nugrahaning Gusti . Sedayanipun inggih awit berkah pangestu panjengan sedaya. Para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Sapunika penganten kekalih sampun kula sowanaken marak ing ngarsa panjenengan saperlu kula suwunakaen tambahing berkah pangestu panjengan anggenipun jejodohan saget atut runtut rerentengan lir kadya mimi lan mintuna saget pinanggih widada lestari mulya winantu ing rahayu. Wondene menawi wonten kirang wijal-wijiling wicara, kula pribadi nyuwun agunging pangapunten . Nuwun.

والسلام عليكم ورحمةالله وبركا ته

ATUR PRANOTOCORO WALIMATUL URSY

(di dahului salam dan mukhodimah)
Lumintuning pudiyastowo saking gusti ingkang moho asih inggih Gusti Allah SWT temah hambabar doyo pangaribowo saha hayu hayem ingkang tansah tumedak tumanduk kajiwo kasariro wonten ngarsanipun para Alim para Kiyai Mirunggan panjenenganipun :

  1. Bapa KH. Muhlis Musyaffa’
  2. Bapa KH. ……….
  3. Bapa KH. ………lsp
    ingkang rino lan ndalu tansah caket sumandeng wonten ing kitab suci wahyu illahi ingkang dahat pinundi-pundi.
    Poro sesepuh, poro pinisepuh miwah poro ajisepuh ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu pantes kinabekten.
    Poro pangemban-pangembating projo, dalah poro satriyaning nagari ingkang minangka pangayoming poro bebrayan agung dalah poro kawulo dasih mirunggan pangarso pusaraning adil wonten ing pawiyatan luhur inggih wonten ing SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL nun inggih panjenenganipun Bopo M. Ali As’ad, S.PdI, ingkang sinuba ing pakurmatan.
    Sagung poro rawuh tuwin poro lenggah inggih poro Bapak saha poro Ibu ingkang pantes tampi ing pakurmatan.
    Poro kadang, poro sederek kakung miwah putri ingkang kulo tresnani
    Wonten ing titi wanci puniko kulo ingkang minongko kapiji dados pambiyoworo manopodene ingkang hamratritisaken reroncening adicoro WALIMATUL URSYI
    Sumonggo sakderengipun adicoro kawiwitan kulo dherekaken sesarengan sami manengku pujo mangestu padho wonten sahandap podho dalem gusti ingkang moho wikan nuninggih Gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwo madyo wasona kesembadan lulus raharjo kalis ing rubedo menopo dene sambikolo . Amin Allahuma amin.
    Solawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngaso dalem pakuning bawono mustikaning jagat inggih nabi agung Muhammad saw ingkang minongko paugeraning poro bebrayan agung dalah poro kawulo dasih, ingkang kulo lan panjenengan sami sanget anggenipun angrerantu syafa’atipun mbenjang fiyaumil jaza’ amin Ya robbal alamin.
    Poro lenggah kakung sumawono putri, bapak soho Ibu ingkang sinudarsono.
    Mundi dawuhipun ingkang hamengku gati keparengo kula angaturaken lampahing pawiwahan utawi pahargyan WALIMATUL URSYI wonten ing ing ejIng punika.
    Ananging sakderengipun kulo nyuwun agunging sih samodro pangaksami awit kulo kumo wantun nyahak kalenggahan soho kamardikan panjenengan, awit panjenengan nembe nedeng-nedengipun suko-parisuko wawan pangandikan setunggal kaliyan setunggalipun sepisan malih kulo nyuwun agunging samodro pangaksami.
    Poro lenggah kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan, mugi wonten keparengipun kula bade angaturaken rantamaning adicara ingkang sampun rinantam rinacik dening ingkang hamengku gati .
    Ngengeti sasono tuwin suwasono samudayanipun sampun jumbuh menggah ing gati pramilo saking punika laksitaning adicoro inggal kawiwitan. Wondhene adicoro ingkang :
  4. Sepisan atur pambuko utawi waosan umul kitab ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun Bopo KH …………………………….. sumonggo sasosono tuwin suwasono kulo sumanggakaken, (matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindan kunjuk dumateng panjenenganipun bapa KH…………………………)
  5. Adicoro ingkang onggko kalih waosan ayat-ayat min ayatil qur’an ingkang bade dipun sarirani dening sederek al ustadz/sederek ……………………………. sumonggo kulo aturaken,
  6. Dene ongko tigo atur pambagya harjo basuki ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun bapa ……………………
  7. Dungkap adicara ingkang ongko sekawan PROSESI AQDUNNIKAH :
    A. Khotbah Nikah dening BP. KH………….
    B. IJAB LAN QOBUL .ingkang bade dipun pangarsani dening Bp.KH………
    C. Shighot ta’leq bade dipun sarirani dening temanten kakung……….
    D. Hastungkoro utawi Do’a mua’allafah dening BP. KH……..
    E. Liqoul arusyain dining BP. KH. ………
    F. Hastungkoro utawi Do’a tahtim dening BP. KH. ………..
  8. Tumapaking adicoro ingkang ongko gangsal Sabdotomo wasito aji utawi maidloh hasanah soho hastungkoro utawi do’aipun ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun BP KH………sasono tuwin suwasono kula sumanggakaken (matur agunging panuwun kula aturaken kunjuk dumateng Bp. KH…..mugi-mugi menopo ingkang sampun dipun pangandikaaken saget mbekto manfaat amin ya robbal ‘alamin
  9. Adicoro ingkang ongko enem SUMENE utawi ISTIRAHAT dumateng ingkang mandegani kulo sumanggakaken
  10. Jangkep ongko pitu Hastungkoro panutup(sumonggo pahargiyan dipun pungkasi kanti maos hamdallah sareng-sareng : (mengucapkan hamdallah)

Mekaten menggah racikaning adicoro ingkang bade lumampah .
Kulo ing ngriki minangkani dados panotocoro hambok bilih anggen kulo matur kirang subo sito tuwin trapsilo menopodene ulah boso tuwin sastro kirang pono ing pamawas lebdo ing pitutur aji, kula nyuwun agunging sih samudro pangaksami.
Wusono kulo pungkasi kanti asesanti:
“HAYU-HAYU MANGASTUNGKORO WIDODO MULYO INGKANG SAMI PINANGGIH”.
Nuwun. Wassalamualaikum wr,wb

Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)

ATUR PROLOG PAMBUKA PURWANING PAWIWAHAN/PAHARGYAN

WONTEN ING SADENGAH ADICARA WEKDAL INJING

Tatasing ratri gumantining rahina ing gegana katon remu wancine wis padang sumirat sang bagas wara arsa jumedul bang-bang sulakipun arsa madangi jagat aglar gumelar aning cakrawala minangka pratanda sampun wanci rahina
Nuju ari Ahad pon tabuh 08.00 punika katiti surya kaping 14 condro kaping 2 utawi wulan Nopember warsa 2020.
Wonten titahing gusti ingkang sinung asma bapa Drs.Wide Permadi hanetepi jejering asepuh hamiwaha dumateng putra-putrinipun pratama ingkang apeparab Bagus Ken Permadi pikantuk Rara Ayu Wulandari SE ingkang sampun sumadya nambut liring akrami
Dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala saksana ingkang hamengku gati hamiji dumateng kula supados ngaturaken lampahing adicara pawiwahan utawi pahargyan ingkang sampun rinacik rinantam ingkang hamengku gati wekdal dinten punika.
Lumintuning pudyastawa dhumateng Gusti ingkang Maha Asih nun inggih Gusti Allah SWT temah ambabar daya pangaribawa saha hayu hayem ingkang tansah tumadak tumanduk kajiwa kasarira wonten ngasranipun para alim para kiyai ingkang rina lan ndalu tansah caket sumandeng wonten kitab sucinipun wahyu illahi mirunggan panjenengaipun;

  1. Almukarom bapa KH…… ingkang dahat pinundi pundi
  2. Para sesepuh para para pini sepuh miwah para aji sepuh ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu kinabekten.
  3. Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari pangayoming para bebrayan agung ingkang sinuba ing pakurmatan
  4. Sagung para lenggah, inggih para ibu para bapak saha para kadang kaneman sutrisna ingkang pantes tampi pakurmatan
    Sumangga kula derekaken sesarengan sami manengku puja mangestu pada wonten sahandhap padha dalem gusti ingkang maha wikan nun inggih gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwa madya wasana kasembadan lulus raharja kalis ing rubeda menapa dene sambikala amin Allahuma aimin.
    Shalawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngarsa dalem pakuning bawana mustikaning jagad inggih nabi agung Muhammad SAW ingkang kula lan panjenengan sami mangantu-antu syafaatipun benjang fiyaumil jaza’ amin ya rabbal alamin (Lan sak terasipun)

Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)

ATUR PANATACARAAMBAL WARSO (ULANG TAHUN) SMK AL MUSYAFFA’ KENDALWARSA KALEH EWU KALEH DOSO

اAssalamualaikum wr,wb Nuwun nuwun kula nuwun, Winantu ing kawilujengan sinartan sinukartaning panambrama

Lumintuning pudyastawa saking gusti ingkang maha asih inggih Gusti Allah SWT temah ambabar daya pangaribawa saha hayu hayem ingkang tansah tumedak tumanduk kajiwa kasarira dhumateng para Alim para Kiyai Mirunggan panjenenganipun Bapa KH Muhlis Musyaffa’ ingkang dahat pinundi-pundi. (Lsp)
Para sesepuh, para pinisepuh miwah para ajisepuh ingkang satuhu pantes kinabekten.
Para pangemban-pangembating praja, mirunggan pangarsa pawiyatan wonten ing SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL nun inggih panjenenganipun Bapa Wide Permadi ingkang sinuba ing pakurmatan.
Sagung para rawuh tuwin para lenggah inggih para Bapak saha para Ibu Dwijo dalah para karyawan SMK AL MUSYAFFA’ ingkang pantes tampi ing pakurmatan.
Para kadang, para sederek kakung miwah putri ingkang kula tresnani
Wonten ing titi wanci punika kula ingkang minangka kapiji dados panatacara
Sumangga sakderengipun adicara kawiwitan kula dherekaken sesarengan sami manengku puja mangestu padha wonten sahandap padha dalem gusti ingkang maha wikan inggih Gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwa madya wasana kesembadan lulus raharja kalis ing rubeda menapa dene sambikala . Amin Allahuma amin.
Salawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngasa dalem pakuning bawana mustikaning jagat inggih nabi agung Muhammad saw ingkang minangka paugeraning para bebrayan agung, ingkang kula panjenengan angrerantu syafaatipun fiyaumil jaza’ Allahumma Amin.
Para lenggah kakung sumawono putri, bapak saha Ibu ingkang dahat kinurmatan
Mundi dawuhipun ingkang hamengku gati keparenga kula angaturaken lampahing pawiwahan AMBAL WARSA PAWIYATAN LUHUR /SMK AL MUSYAFFA’ ingkang kaping SEKAWAN WELAS warsa kalih ewu Kaleh wonten ing sonten punika.
Para lenggah kakung sumawana putri ingkang winantu ing suka rahayu, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan, mugi wonten keparengipun kula bade angaturaken rantamaning adicara ingkang sampun rinantam rinacik dening ingkang hamengku gati .
Ngengeti sasana tuwin suwasana sampun jumbuh menggah ing gati pramila saking punika laksitaning adicara inggal kawiwitan. Wondhene adicara ingkang :

  1. Sepisan atur pambuka utawi waosan umul kitab
  2. Anggka kalih waosan ayat-ayat min ayatil qur’an
  3. Dene angka tiga atur pambagya harja basuki/sambutan panitia
  4. Dungkap adicara saklajengipun Tanggap wacana saking Pangarsa pawiyatan luhur /Kepala SMK Al MUSYAFFA’
  5. Adicara angka gangsal sumene sawatawis
  6. Tumapaking adicara ingkang angka nenem Sabdatama wasita aji utawi maidloh hasanah saha hastungkara utawi do’aipun
  7. Jangkep angka pitu Hastungkara panutup
    Mekaten menggah racikaning adicara ingkang bade lumampah .
    Kula ing ngriki minangkani dados panatacara hambok bilih anggen kula matur kirang suba sita tuwin trapsila kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
    Wusana kula pungkasi kanti asesanti: “HAYU-HAYU MANGASTUNGKARA WIDADA MULYA INGKANG SINEDYA”.
    Nuwun.

Wassalamualaikum wr,wb Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa

SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)

ATUR PANATACARA TASYAKURAN PURNAWIYATA

Assalamu’alaikum wr, wb.
(di isi mukhodimah bahasa arab)

Lumintuning pudiyastowo saking gusti ingkang moho asih inggih Gusti Allah SWT temah hambabar doyo pangaribowo saha hayu hayem ingkang tansah tumedak tumanduk kajiwo kasariro wonten ngarsanipun para Alim para Kiyai Mirunggan panjenenganipun :

  1. Bapa KH. ……….
  2. Bapa KH. ……….
  3. Bapa KH. ……… lsp
    ingkang rino lan ndalu tansah caket sumandeng wonten ing kitab suci wahyu illahi ingkang dahat pinundi-pundi.
    Poro sesepuh, poro pinisepuh miwah poro ajisepuh ingkang hanggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen ingkang satuhu pantes kinabekten.
    Poro pangemban-pangembating projo, dalah poro satriyaning nagari ingkang minangka pangayoming poro bebrayan agung dalah poro kawulo dasih mirunggan pangarso pusaraning adil wonten ing pawiyatan luhur inggih wonten ing SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL nun inggih panjenenganipun Bopo Muhammad Yasin, S.Pd, Mpd. ingkang sinuba ing pakurmatan.
    Sagung poro rawuh tuwin poro lenggah inggih poro Bapak saha poro Ibu dwijo dalasan poro karyawan SMK Al Musyafa’ Kendal ingkang pantes tampi ing pakurmatan.
    Poro kadang, poro sederek kakung miwah putri ingkang kulo tresnani
    Wonten ing titi wanci puniko kulo ingkang minongko kapiji dados pambiyoworo manopo dene ingkang hamratritisaken reroncening adicoro TASYAKURAN PURNA WIYATA PAWIYATAN LUHUR SMK AL MUSYAFFA’ KENDAL. Warso seserepan 2020-2021.
    Sumonggo sakderengipun adicoro kawiwitan kulo dherekaken sesarengan sami manengku pujo mangestu padho wonten sahandap podho dalem gusti ingkang moho wikan inggih Gusti Allah SWT, mugi-mugi salwiring gati purwo madyo wasona kesembadan lulus raharjo kalis ing rubedo menapo dene sambikalo . Amin Allahuma amin.
    Solawat miwah salam mugi kunjuk wonten ngarso dalem pakuning bawono mustikaning jagat inggih nabi agung Muhammad saw ingkang minongko paugeraning poro bebrayan agung menopo dene kawulo dasih, ingkang kulo lan panjenengan sanget angrerantu syafaatipun mbenjang fiyaumil jaza’ amin Ya robbal alamin.
    Poro lenggah kakung sumawono putri, bapak soho Ibu ingkang sinudarsono.
    Mundi dawuhipun ingkang hamengku gati keparengo kula angaturaken lampahing pawiwahan utawi pahargyan TASYAKURAN PURNA WIYATA PAWIYATAN LUHUR SMK AL MUSYAFFA’ wonten ing ejang punika.
    Ananging sakderengipun kulo nyuwun agunging sih samodro pangaksami awit kulo kumo wantun nyahak kalenggahan soho kamardikan panjenengan, awit panjenengan nembe nedeng-nedengipun suko-parisuko wawan pangandikan setunggal kaliyan setunggalipun sepisan malih kulo nyuwun agunging samodro pangaksami.
    Poro lenggah kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan, kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng lenggah saha sugeng pepanggihan, mugi wonten keparengipun kula bade angaturaken rantamaning adicara ingkang sampun rinantam rinacik dening ingkang hamengku gati .
    Ngengeti sasono tuwin suwasono samudayanipun sampun jumbuh menggah ing gati pramilo saking punika laksitaning adicoro inggal kawiwitan. Wondhene adicoro ingkang :
  4. Sepisan atur pambuko utawi waosan umul kitab ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun Bopo KH …………………………….. sumonggo sasono tuwin suwasono kulo sumanggakaken, (matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindan kunjuk dumateng panjenenganipun bapa KH…………………………)
  5. Adicoro ingkang onggko kalih waosan ayat-ayat min ayatil qur’an ingkang bade dipun sarirani dening sederek al ustadz/sederek ……………………………. sumonggo kulo aturaken,
  6. Dene ongko tigo waosan tahlil ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun bapa ……………………
  7. Dungkap adicara saklajengipun Tanggap wacono saking Pangarso pawiyatan luhur /Kepala SMK Al MUSYAFFA’ dumateng Bapak Muhammad Yasin, S.Pd. M.Pd sumonggo sasono tuwin swasono kula sumanggakaken
  8. Tumapaking adicoro ingkang ongko gangsal Sabdotomo wasito aji utawi maidloh hasanah soho hastungkoro utawi do’aipun ingkang bade dipun sarirani panjenenganipun BP KH………sasono tuwin suwasono kula sumanggakaken (matur agunging panuwun kula aturaken kunjuk dumateng Bp. KH…..mugi-mugi menopo ingkang sampun dipun pangandikaaken saget mbekto manfaat amin ya robbal ‘alamin
  9. Adicoro ingkang ongko enem PROSESI WISUDA PURNA WIYATA dumateng ingkang mandegani kulo sumanggakaken
  10. Jangkep ongko pitu Hastungkoro panutup(sumonggo pahargiyan dipun pungkasi kanti maos hamdallah sareng-sareng :

Mekaten menggah racikaning adicoro ingkang bade lumampah .
Kulo ing ngriki minangkani dados panotocoro hambok bilih anggen kulo matur kirang subo sito tuwin trapsilo menopodene ulah boso tuwin sastro kirang pono ing pamawas lebdo ing pitutur aji, kula nyuwun agunging sih samudro pangaksami.
Wusono kulo pungkasi kanti asesanti:
“HAYU-HAYU MANGASTUNGKORO WIDODO MULYO INGKANG SAMI PINANGGIH”.
Nuwun.
Wassalamualaikum, wr, wb

Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia
Kaserat dening Rozikin AR (Pembimbing Ekstrakurikuler)

ATUR PANUTUP( Manengku puja/Berdo’a /hastungkoro panutup )

Assalamu’alaikum wr, wb.
Para kadang siswa pawiyatan, wonten ing SMK AL Musyaffa’ Kendal, ingkang dahat kinur matan.
Sasampunipun seserepan panata cara tuwin pamedar sabda mawi basa jawi, warsa seserepan 2020-2021 dinten punika paripurna.
Sumangga kula derekaken sesarengan manengku puja, wonten sahandap pada dalem/ngarsanipun gusti ingkang maha asih, nuninggih gusti Allah SWT, mugi–mugi anggenipun kundur, ngantos dumugi ndalem sowang-sowang kaparingan wilujeng, mboten woten satunggaling pambeng menapa-menapa
Manengku puja kawiwitan ! (sirah dingkluk maos surat ashr)
Manengku puja purna ! (sirah dangak)

Wassalamu’alaikum wr, wb

Materi Ekstra MC/Pidato Bahasa Jawa
SMK Al Musyaffa’ Kendal Indonesia

Http://yasfa.com/
Http://yasfa.business.blog

Ekstrakurikuler MC/pidato Bahasa Jawa. Di SMK Al Musyaffa Kendal

ATUR PAMBUKA
( Manengku puja/Berdo’a/hastungkara pambuka)

Assalamu’alaikum wr, wb.
Para kadang siswa pawiyatan, wonten ing SMK AL Musyaffa’ Kendal ingkang dahat kinur matan.
Sakderengipun seserepan panata cara tuwin pamedar sabda mawi basa jawi, warsa seserepan 2020-2021 dinten punika kawiwitan,
Sumangga kula derekaken sesarengan manengku puja, wonten ngarsanipun gusti ingkang maha wikan, nuninggih gusti Allah SWT, mugi–mugi pawiyatan dinten punika kaparingan wilujeng, salwireng gati, purwa, madya, wasana, kesembadan lulus raharja kalis ing rubeda, menapa dene sambikala
Manengku puja kawiwitan ! (sirah dingkluk) maus do’a surat fatihah
Manengku puja purna ! ( sirah ndangak )
Wassalamu’alaikum wr, wb

Kampir,12 Februari 2020

Materi Ekstrakurikuler MC/Pidato Bahasa Jawa.

SMK Al Musyaffa’ Kampir Kendal

ATUR PAMBUKA
( Manengku puja/Berdo’a/hastungkara pambuka)

Assalamu’alaikum wr, wb.
Para kadang siswa pawiyatan, wonten ing SMK AL Musyaffa’ Kendal ingkang dahat kinur matan.
Sakderengipun seserepan panata cara tuwin pamedar sabda mawi basa jawi, warsa seserepan 2020-2021 dinten punika kawiwitan,
Sumangga kula derekaken sesarengan manengku puja, wonten ngarsanipun gusti ingkang maha wikan, nuninggih gusti Allah SWT, mugi–mugi pawiyatan dinten punika kaparingan wilujeng, salwireng gati, purwa, madya, wasana, kesembadan lulus raharja kalis ing rubeda, menapa dene sambikala
Manengku puja kawiwitan ! (sirah dingkluk) maus do’a surat fatihah
Manengku puja purna ! ( sirah ndangak )
Wassalamu’alaikum wr, wb

Di Gugu Yen Bener Di Tiru

Mengajar untuk tidak menerima Guyonnan, dan tidak pula menjadikan si murid sebagai pelayannya.
Menjaga martabat kemanusiaan para murid tanpa membedakan strata dan status sosial.
Memberikan hak pada para murid tanpa pilih kasih saat mereka sehat ataupun sakit tanpa tebang pilih.
Tidak mengoreksi kekeliruan dan kesalahan murid dengan cara mempermalukannya di depan umum.
Mengasuh dan mendidik para murid dengan kelembutan dan dalam suasana belajar yang penuh kegembiraan.
Tidak menjelaskan sesuatu kepada si murid kecuali hatinya selalu berintropeksi dihadapan allah.
Tidak mendoktrin para murid untuk tunduk dan patuh mengikuti nasihatnya.

http://yasfa.com/

http://yasfa.business.com

PENERIMAAN CALON SANTRI BARU SMK AL MUSYAFFA’ KAMPIR SUDIPAYUNG INDONESIA.

Info Lengkap Hubungi :

+6281901766564

Bpk. Jumain, St